Laman

Tampilkan postingan dengan label Javanese Language. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Javanese Language. Tampilkan semua postingan

Sabtu, 22 Desember 2012

CAMPURSARI

Campursari yaiku lelagon amargi anggenipun maos kanthi cara dipunlagokaken.
Wujud Campursari :

  1. Lelagon campursari
    Lelagon ingkang iramanipun sumingah, sukacita. Tuladha : hewes-hewes, prau layar.
  2. Lelagon dolanan campursari
    Lelagon kangge lare alit. Tuladha : jamuran, gundul-gundul pacul, dhayohe teka.
  3. Lelagon campursari
    Tuladha: yen in tawang, caping gunung.
Prau Layar
Ya kanca ing sisik gembira
Alerap-lerap banyune segara
Angliyak numpak prau layar
Ing Dina Minggu keh pariwisata
Alon praune wis nengah
Pyah pyuh pyah banyu pinelah
Ora jemu-jemu karo merem ngguyu
Ngilangake rasa lungkrah lesu
Adik jawil mas, jebul wis sore
Witing klapa katon ngawe-awe
Prayogane becik bali wae
Dene sesuk esuk tumandang nyambut gawe


Dhayohe teka
E dhayohe teka
E gelarna klasa
E klasane bedah
E tambalen jadah
E jadahe mambu
E pakakna asu
E asune mati
E kalekna kali
E kaline banjir
E kelekna pinggir